Teja Lelana

Cerkak Purwadmadi (Kedaulatan Rakyat, 5 Januari 2010)

Lingsir wengi, angin angleng. Kutu-kutu walang ataga datan lumisik. Tan ana kang mobah mosik. Cahyaning sasadara surem padhange. Ilining toya babar pisan ora kepireng. Pang gegodhongan, meneng. Gejejer pindha wayang sinimping. Pucuking Gunung Pragilan, samar katon kaya wewayangane Kumbakarna tapa sare. Tintrum kang binarung rasa adhem njejet, sepi nyenyet. Malem Anggara Kasih, anteng tanpa grenggeng. Merbawani tumrap kang padha sujuk menepi, mangsah samadi, luru wasitaning budi, maneges jatining wahyu alas jati Danaraja.

"Puniki titi kala dhumawahipun wahyu. Mugi enggal bebikak babahan hawa sanga"

Ki Ageng Sudagiri paring pangandikan pralampita. Denmas Prastitha kang sedheku marikelu mangsah samadi luru nugrahaning Pangeran, gurawalan penggalihe. Mantheng pamenthaning rasa, wewiyak jagat cilik. anganyam serat jalaning pamikir, ngenut ngeli jantraning pengangen, sumusup ing laladaning ngasepi.

Clumlorot saka ngakasa, panthering teja kang lelana, pindha gebyaring thathit tanpa swara, sumusup mring anggane Denmas Pratistha. Sakal, Denmas Pratistha kontal lenggahe, klumah anggane, tumiba sumendhe ing pangkone Ki Ageng Sudagiri. Teja Lelana wis angslup manjing manunggal nyawiji ing sarirane putra pembayune Adipati Argalaksa, Kanjeng Raden Tumenggung Sasrahadikumara.

Denmas Pratistha maksih angles anggennya sumendhe, pindha kepati tileme satriya pinandhita. Ki Ageng Sudagiri, unjal ambegan. Jalaran, Ki Ageng pirsa ilining cahya kang uga alon angles ninggal anggane Denmas. Ki Ageng Menekung puja. Tapak astane banjur mangayun tempuk nyawiji memangun lampah sudibya cakra mudra, mangimpun karosaning batin. Sumeleh sumendhe marang kersane Hyang Agung. Denmas Pratistha enggal eling purwa duksina, bangkit saka sakabehing lena. bangkit banjur lenggah sila, tumungkul marang Ki Ageng Sudagiri. "Nakmas, teja lelana sampun manjing dalem. Manunggal nyawiji ing jagat cilik nandalem." ngendikane Ki Ageng ririh araras paring panglipur.

"Manah kula kadya siniram tirta wayu sewindu, Ki."

"Asrep. Jenjem. raos batinipun priyagung ingkang sampun kapanjingan wahyu."

"Kawastanan wahyu punaka, Ki?"

"Punika wau, wahyu drajat. Pulung drajat."

Teja Lelana

Denmas Pratistha gumbira ing manah, dene kang dadi sedyane wis kalampah, kang jinangka wis nyalira. Bareng wancine wis gagat rahina, Denmas Pratistha kairing Ki Ageng Sudagiri ninggal pertapan alas jati Danaraja arsa lumampah kondur wangsul ing Padhepokan Sudagiri, perenging Gunung Pragilan.

Gancangin, cinarita, gelising akandha, Denmas Pratistha midherek kersane Ki Ageng supaya sawetara dina lenggah ing Padhepokan. Nata penggalihe, madeg minangka satriya kang kamomong wahyu drajat. Tegese, kalenggahan Adipati Argalaksa kari nunggu tumekane pesthi. Samangsa-mangsa keng rama surut ing kasedan jati, awit wis mataun-taun nandhang yogi, Denmas Pratistha bakal gumanti. Pantes jumeneng Adipati kang kepanjingan wahyu drajat.

Bareng wis tumekan petung dina kang prayoga, kanthi lampah dharat Denmas kondur Kadipaten Argalaksa, Denmas tindak piyambakan, tanpa rowang, nampik kadherekake abdi. Gegancangan tindake, lingsir wengi wancine, nuli Denmas wis tumekan ing Pendhapa Kadipaten. Akeh lan pepak kang padha seba, amargo Kanjeng Adipati Sasrahadikusuma kabiwara wis seda. Kang padha sowan seba tuguran.

Mesti wae padha kagyat jala kepati. Age-age anggone pada gupuh sumongsong praptane putra pembayune Kanjeng Adipati. Nanging, Denmas Prastitha kang nembe lelana nglundara rawuh ngepasi tugur pangrukti layone keng rama, ora katon kejot penggalihe. Kepara malah semune katon ulem angleng gumbira ing polatan lan solah bawa.

"Wis. Wis ora sah padha susah. Enggal-enggal wae, jisine Rama Adipati, kausung kapethak ing kramatan. Wengi iki uga. Pedah nunggu apa?"

"Nakmas. Nakmas...," ature Mas Riya Hadisarana, pepatih Kadipaten Sinambi mlampah nyedhak marang rawuhe Denmas.

"Kawuningan, keng Rama Sasrahadikumara seda mukswa."

"Lha kae, lurup kae nglurupi anggane sapa?" pitakone Denmas nyawang tengahing pendhapa kang katon jisim kalurupan sinjang sidaluhur.

Mas Riya Hadisarana ntratap dredheg gemeter.

"Punika salira nandalen, Nakmas."

Wahyu keprabon lan kalenggahan iku tan prabeda, hamung teja lelana pindhane. Sarwa sakeplasan.

Karangmojo, 2019

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel